Assalamu'alaikum Wr. Wb......
Prige kabare sederek Amoepbha (Anak Mekanik Otomotif Enam Panca Bhakti Banjarnegara)? pada sehat? Kiye nyong pengin nginformasikna bae kanggo sedulur - sedulur pada. Kiye nyong gawe blog enggo organisasine dewek sing kaya kiye keprige? pada setuju ra? rencanane ya isine neng blog iki ya terserah sekanyang - kanyang rika pan pada ngomong apa ya oleh, pen njeplak, pen ngapa - ngapa ya karep - karepe rika pada.
Lagi kae nyong wis gawe blog tapi kelalen passworde sing nggo login ya dadine nyong mikir mending gawe maning bae lah. Ya ibarate nggo keren - keren lah carane bocah enom jaman saiki.
Rumangsane saiki jamane wis jaman internetan, sapa jal sing saiki ra kenal karo Facebook, Twitter lan sak liya - liyane, mesti rika pada wis nglotok lah ya gale dolanan. Smsan be saiki pada karo ndlenger be bisa mbokan nu jempole wis pada nduwe mata enggo ngetik huruf A nganti Z nganti ana simbol - simbole mbarang.
Ya sukur - sukur nang kene pada bae fungsine karo nang facebook apa twitter lan sebangsane anggo aweh informasi khususe enggo warga Amoepbha. mbok ana acara apa kan bisa poto - poto ngko di upload li mbokan ana produser lewat ndang ditarik dadi apa bae bisa.hehe....
Ya semono bae nggo pembukaan blog kiye. semoga bae blog kiye bermanfaat. oya ngapura jan banget kiye bahasane campuraduk ra karuan. sing penting pada teyeng maca, sing wis nang luar Jawa Tengah semoga ya tetep bisa basa Jawa.hehehe....

Kawulo aturi Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
golet foto2 pas meng JKT kang
BalasHapusnek ra salah foto sing pas nang jakarta isih anggo kamera kelis apa ya, jal tak golet ndisit
BalasHapus